KALIMAH KAPING TIGA
Kalimah-Kalimah Alit · hlm. 7
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّح۪يمِ يَٓا اَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا
Menawi panjenengan kepéngin mangertos, sepinten agengipun dagang saha kabegjan ingkang wonten ing ibadah; sarta sepinten agengipun kapitunan tuwin karisakan ingkang wonten ing fisik (duraka) saha sefahet (umbar hawa nepsu); sumangga pirsanana saha mirengaken cariyos pasemon menika...
Ing satunggaling wekdal, prajurit kekalih tampi dhawuh supados késah dhateng satunggaling kitha ingkang tebih. Késah sesarengan; ngantos margi dados kalih. Wonten satunggaling tiyang ing ngriku, criyos dhateng piyambak kekalih: «Margi ingkang tengen menika, kajawi boten wonten pituna babar pisan, saking sedasa tiyang ingkang lelampah ing margi menika, sanga ngalami bebathèn ageng saha katentreman. Déné margi ingkang kiwa, kajawi boten wonten paédahipun, saking sedasa tiyang ingkang lelampah, sanga ngalami pituna. Kekalihipun ugi sami cekak tuwin panjangipun. Namung wonten bédanipun setunggal: tiyang ingkang lelampah ing margi kiwa ingkang tanpa tataran tur tanpa pamaréntahan, lelampah tanpa tas, tanpa gegaman. Ngraosaken ènthèng ingkang lair kémawon, sarta katentreman ingkang goroh. Déné tiyang ingkang lelampah ing margi tengen ing sangandhaping tataran kaprajuritan, kapeksa mbekta satunggaling tas awrat sekawan okka ingkang kebak sari-sarining tetedhan, saha satunggaling gegaman nagari (mîrî) ingkang sampurna awrat kalih kıyye ingkang saged ngasoraken tuwin ngawonaken saben mengsah...»
Sasampunipun prajurit kekalih mirengaken aturipun tiyang ingkang nerangaken menika, prajurit ingkang begja lajeng minggah margi tengen. Momot awrat sabatman ing pundhak saha bangkèkanipun. Nanging manah tuwin nyawanipun uwal saking éwon batman utang-budi tuwin ajrih. Déné prajurit ingkang cilaka nilar kaprajuritan. Boten purun tumut tataran, mila minggah margi kiwa. Badanipun uwal saking awrat sabatman, nanging manahipun karemet ing sangandhaping éwon batman utang-budi, tuwin nyawanipun karemet ing sangandhaping ajrih ingkang tanpa wates. Sarta lelampah kanthi cara ngemis dhateng saben tiyang, tuwin gumeter saking samukawis, saking saben kedadosan. Ngantos dumugi papan ingkang dipun tuju. Wonten ing ngriku, nampi paukumaning tiyang mbangkang tuwin minggat. Déné prajurit ingkang remen tataran kaprajuritan, ingkang ngreksa tas tuwin gegamanipun, saha minggah margi tengen, lelampah kanthi katentreman manah tuwin batos, tanpa nampi utang-budi saking sok sintena, tanpa ajrih dhateng sok sintena. Ngantos dumugi kitha ingkang dipun tuju. Wonten ing ngriku, nampi ganjaran ingkang mathuk tumrap prajurit ingkang jujur ingkang nindakaken tugasipun kanthi saé.
Lah, hé nepsu ingkang mbaléla! Kawuningana: tiyang lelampah kekalih menika; ingkang setunggal manungsa ingkang manut angger-angger Ilahi, ingkang setunggalipun manungsa ingkang mbangkang tur ndhèrèk hawa nepsu. Déné margi menika margining gesang, ingkang wiwit saking alam roh, langkung kubur, tumuju akhirat. Déné tas tuwin gegaman menika ibadah saha taqwa. Ibadah menika pancèn gadhah awrat ingkang lair. Nanging ing salebeting maknanipun wonten katentreman tuwin ènthèng ingkang boten saged kagambaraken. Amargi tiyang ingkang ngibadah, ing salebeting sholatipun ngucap: «اَشْهَدُ اَنْ لَٓا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ» Tegesipun: «Ingkang Nitahaken saha Ingkang Maha Paring rejeki, boten wonten kajawi Panjenenganipun. Pituna saha paédah, wonten ing astanipun. Panjenenganipun menika Hakîm, boten yasa pandamel ingkang muspra. Ugi Rahîm; kanugrahan saha welasipun kathah» — sarèhning gadhah i'tikad makatèn, mila ing saben prakawis piyambakipun manggih lawanging gedhong rohmat. Dipun thothok srana donga. Sarta piyambakipun mirsani samukawis tundhuk dhateng dhawuhing Rabbipun, lajeng ngungsi dhateng Rabbipun. Sumendhé srana tawakal, piyambakipun makuwu ngadhepi saben bebendu. Imanipun maringi katentreman ingkang sampurna dhateng piyambakipun. Inggih, kadosdéné saben kesaénan sajati, sumbering kekendelan ugi iman, inggih ubudiyah. Kadosdéné saben kaawonan, sumbering kajirihan ugi kesasar. Inggih, satunggaling tiyang ngibadah ingkang manahipun sampurna padhang, sanadyan bumi dados bom lajeng njeblug, mbokmenawi boten badhé ndadosaken ajrihipun. Malah piyambakipun badhé nyawang kudrat Shomadaniyah ingkang édi-éndah kanthi gumun ingkang nikmat. Nanging satunggaling filsuf fasik ingkang tanpa manah, ingkang kaaran padhang akalipun (münevverü'l-akıl) ingkang misuwur; menawi mirsani lintang kemukus ing langit, gumeter ing bumi. Piyambakipun criyos: «Menapa lintang klambrangan menika boten badhé nabrak bumi kita?»; lajeng kejlungup ing panyana-nyana. (Ing satunggaling wekdal, Amérika gumeter margi lintang ingkang kados makatèn. Kathah tiyang ingkang nilar griyanipun ing wanci dalu.)
Inggih, manungsa menika mbetahaken barang ingkang tanpa wates, mangka sanguipun namung kados boten wonten... Sarta piyambakipun kena mawarni-warni bebendu ingkang tanpa wates, mangka kadayanipun namung barang kados boten wonten... Prasasat, wewenganing sangu tuwin kadayanipun namung sacekaping tanganipun. Nanging wewenganing pangajeng-ajeng, pepénginan, kasangsaran, tuwin bebendunipun menika jembar sacekaping mripatipun, sacekaping angen-angenipun, ngantos ing pundi lampahipun dumugi. Tumrap nyawaning manungsa ingkang samanten apes tur ringkih, mlarat tur mbetahaken menika, ibadah, tawakal, tauhid, tuwin sumarah; sepinten agengipun bebathèn, kabegjan, tuwin nikmat, badhé kapirsan tuwin karaosaken déning sok sintena ingkang boten wuta babar pisan. Sampun kawuningan bilih margi ingkang tanpa pituna langkung pinilih tinimbang margi ingkang mbebayani, sanadyan namung srana satunggal kamungkinan saking sedasa. Mangka margining ubudiyah ingkang dados prakawis kita, kajawi boten mbebayani, ugi ngemot gedhong kabegjan langgeng srana sanga kamungkinan saking sedasa. Déné margining fisik saha sefahet; sanadyan miturut pangakening tiyang fasik piyambak boten wonten paédahipun, ngemot karisakaning cilaka langgeng (şekavet) srana sanga kamungkinan saking sedasa; menika sampun tetep srana paseksèning para ahli tuwin para saksi ingkang tanpa wicalan, ing derajating ijmak saha tawatur. Sarta kabukti srana pawartosipun para ahli dzauq (raos batos) tuwin ahli kasyaf.
Wosipun: kadosdéné akhirat, kabegjaning donya ugi dumunung ing ibadah saha ing anggènipun dados prajuritipun Alloh. Menawi makatèn, kula sedaya kedah tansah ngucap «الْحَمْدُ لِلّٰهِ عَلَى الطَّاعَةِ وَالتَّوْف۪يقِ». Sarta kedah saos syukur déné kula sedaya dados muslim.