Isyarat Ingkang Kaping Wolu
Tuntunan Para Wanita · hlm. 52
Wohing akhirat saking katresnan kanthi tafakur dhateng kalih pasuryan éndahing donya — inggih pasabinaning akhirat tuwin pangiloning Esma Ilahi: badhé kaparingaken satunggaling swarga sagedhéning donya, nanging boten fana kados donya, malah langgeng. Sarta Esma ingkang ing donya namung katedahaken awujud ayang-ayang ringkih, badhé katedahaken kanthi cara ingkang paling mompyor ing pangilon-pangiloning swarga menika. Sarta wohing nresnani donya saking segi pasabinaning akhirat: badhé kaparingaken satunggaling swarga ingkang ndadosaken donya namung kados pawinihan alit; ngantos pancadriya tuwin pangraosing manungsa ingkang ing donya namung wiji alit, badhé mekar kanthi cara ingkang paling sampurna ing swarga, tuwin bakat ingkang ing donya kados wiji-wiji alit, badhé metu wulènipun srana mawarni-warni kanikmatan tuwin kasampurnan; kabuktèkaken srana nash hadits tuwin isyarat Al-Qur'an. Pitakènan: Swarga ingkang samanten ageng tur suwung menika kanggé menapa? Wangsulan: Kadosdéné menawi saged, srana rikating angen-angen panjenengan njajah pojok-pojoking bumi tuwin kathah-kathahing lintang, panjenengan saged ngucap «Sedaya alam menika kagungan kula». Anggènipun para malaikat, manungsa, tuwin kéwan tumut ing salebetipun, boten mbatalaken putusan panjenengan. Makatèn ugi: sanadyan swarga menika kebak, panjenengan saged ngucap «Swarga menika kagungan kula». Wewadosing swarga gangsal-atus taun ingkang kaparingaken dhateng sawatawis ahli swarga ing hadits, sampun kaandharaken ing Kalimah Kaping Kalih-Dasa-Wolu tuwin ing Lem'a Ikhlas.