Isyarat Ingkang Kaping Sekawan
Tuntunan Para Wanita · hlm. 51
Wohing katresnan halal dhateng bapak-biyung tuwin anak: (srana nash Al-Qur'an) Gusti Arhamurrâhimîn, sanadyan maqâmipun béda-béda, tetep badhé maringi kanikmataning sarasehan ingkang wening dhateng kulawarga begja menika, srana sesrawungan saé ingkang pantes tumraping swarga, srana patemon langgeng ing nagari kalanggengan. Sarta laré-laré ingkang pejah sadèrèngipun umur limalas taun — inggih sadèrèngipun baligh — kaparingaken malih dhateng pangkoning bapak-biyungipun ing swarga, awujud laré-laré swarga ingkang kasebat «وِلْدَانٌ مُخَلَّدُونَ», ingkang rinengga tur dipun tresnani. Nyenengaken raos katresnan dhateng anak. Amargi laré-laré dèrèng mlebet yuswa taklif; badhé tetep dados laré ingkang dipun tresnani, legi, tur langgeng. Sedaya barang nikmat ing donya ingkang paling inggil wonten ing swarga; namung katresnan dhateng anak — inggih nresnani tuwin ngelus laré — kakinten boten wonten ing swarga (awit swarga sanès papan turunan). Lah, kanthi cara menika prakawis menika ugi wonten, malah kanthi cara ingkang paling nikmat. Lah, pawartos bingah tumrap para ingkang anakipun pejah sadèrèngipun baligh...