Risale-i NurTuntunan Para Wanita

Isyarat Ingkang Kaping Nem

Tuntunan Para Wanita · hlm. 52

Wohing katresnan dhateng para nabi tuwin auliya kanthi cara ingkang katerangaken Al-Qur'an: kajawi angsal paédah saking syafaatipun para nabi tuwin auliya ing barzah tuwin hasyr; inggih angsal paédah saking maqâm luhur tuwin limberan ingkang pantes tumraping piyambakipun, srana katresnan menika. Inggih, srana wewados «الْمَرْءُ مَعَ مَنْ اَحَبَّ», satunggaling tiyang asor saged lumebet ing maqâm ingkang paling inggil srana ndhèrèk satunggaling priyantun ingkang maqâmipun luhur ingkang dipun tresnani.